Kumpulan Pantun
Kumpulan Pantun Lucu Bahasa Jawa, Dijamin Memancing Gelak Tawa, Gokil Banget
Kumpulan pantun lucu dalam bahasa Jawa. Budaya Jawa juga punya kesenian berpantun yang biasa disebut parikan. Yuk berpantun ria dengan bahasa Jawa
Yen duwe jaran, ojo dikasari.
Awale njaluk saran, akhire dipacari
Yen dasare wis males, ora sah ditari.
Yen uripmu wis fales, ora perlu digitari
Pring bumbung, wadhahe bakmi,
Karepe nembung, malah diulemi
Buto ijo, mangkat sekolah
ra nduwe bojo, ora masalah
Sego liwet, lawuhe jlantah
Sega rawon, kurang uyah
Ampun tanglet kapan nikah
Pacar mawon, kulo dereng gadah
Nggelar kloso. lungguh wong papat
Dino selasa, ayo semangat
Kloso pandan taline limo
Arepo udan, tetep makaryo
Mangan intip, krawu klopo
Dadi wong urip, usahao
Gatotkoco mangan gombong,
nek kekonco, ojo mung trimo ndomblong
Niat kerjo, ora golek perkoro
Niat golek rejeki, ora golek rai
Niat gole dhuwit, ora golek penyakit
Seje buku, seje ilmu
Seje ngelmu, seje guru
Seje guru, seje penemu
Seje penemu, seje sing diguyu
Baca juga: Kumpulan Pantun Cinta Romantis yang Bikin Baper, Jadi Makin Sayang
Urip kui sok rame, sok sepi
Yen sanggup dilakoni, ora sanggup ditinggal ngopi
Jenenge urip mesthi akeh cobaan
Yen akeh saweran, kui jenenga dangdutan
Abdul Somad, ceramah ing Jawa Timur
Senajan ragaku kuat, nanging atiku ajur
Panen brambang, diwadhahi godhong
Wis kadung sayang, malah digondhol uwong
Numpak becak, tuku sandhal
Sandhal nyeblok, kelangan mangewu
Ojo ngaku penak, yen durung njajal
Ojo mbengok, yen durung mlebu
Krupuk ketabrak honda
Atiku remuk nda,,,