Kumpulan Pantun
Kumpulan Pantun Lucu Bahasa Jawa, Dijamin Memancing Gelak Tawa, Gokil Banget
Kumpulan pantun lucu dalam bahasa Jawa. Budaya Jawa juga punya kesenian berpantun yang biasa disebut parikan. Yuk berpantun ria dengan bahasa Jawa
Kayu glugu digraji-graji
Kayu nonggo dinggo lemari
Dasar ayu kog pinter ngaji
Akeh joko sik arep ngrabi
Dolan nang sekaten, lali ra nggowo sangu
Berharap dadi manten, wong tuwo ra setuju
Siji lanange loro wadone
Eling rasane, lali rupane
Bisa nembang, bisa nyuling
Bisa nyawang, ora bisa nyanding
Golek banyu nang pinggir kali
Dinggo raup rasane anget
Kowe ojo nganti lali
Mergo aku sayang banget
Tumbas sayur asem lali ra mbayar
Tetep mesem, sanajan ati ambyar
Ngarit suket, karo merem
Yen ora rapet, aku ra marem
Mobil macet, ra isoh balapan
Raine pucet, urung sarapan
Jangan bayem, lawuh krupuk
Disawang ayem, tapi atiku remuk
Jangan nget-ngetan ora indah
Yang dirindukan malah pindah
Tuku mangan, adohe tutuk Jerman
Ora perlu menawan, sing penting isoh golek sandang pangan
Kresek-kresek dalam ember
Hidungmu pesek, lambemu dower
Nyolong pemean, isine cawet warna biru
Sak abot-abote pagawean, dadi enteng yen nyawang sliramu
Neng pandan tuku ronde
Nelpon gendakan, kleru bojone
Tali kawat dikiro ulo
Yen wis ra kuat, ora sah dipekso