Kumpulan Pantun
Kumpulan Pantun Lucu Bahasa Jawa, Dijamin Memancing Gelak Tawa, Gokil Banget
Kumpulan pantun lucu dalam bahasa Jawa. Budaya Jawa juga punya kesenian berpantun yang biasa disebut parikan. Yuk berpantun ria dengan bahasa Jawa
Tukune gudeg nang Indramayu
Manuke ngadeg yen weruh wong ayu
Angon kebo dituntun mlaku
Lhawong omblo, kog nyalahke aku
Nandur pari dipager boto
Tiwas dipacari, dirabi konco
Ngerti wong ayu, ngguya-ngguyu
Nek tatu ojo jeru-jeru
Bengi-bengi belajar tik-tok
Pinggir embong latihan eksen
Aku wingi kate di koplok
Karo wong lanang brengosen
Semarang kaline banjir
Mergo wayah musim udan
Mantan ojo dipikir
Seng segel akeh nang dalan
Minggu ko lali ngopi
Ngopi keren titik menyang cafe
Timbang kowe loro ati
Neng njobo akeh sing liyane
Nyandung kopi gelase pecah
Morat-marit teles kabeh
Golek bojo iku sing genah
Ojo mung gaweane FBan karo lumah-lumah
Ora patek ayu ora masalah
Sing penting isoh ngurus omah
Timbang ayu ora patek genah
Adang isuk matenge sak wayah wayah
Tuku pete tuku klambi
Ono bondo ndang budali
Saiki wayahe ngopi
Seng jogo rondo anak siji
Awan-awan golek kayu
Nggowo ondo kok wernone ireng
Okeh prawan ayu-ayu
Kok mestirondo mok dedekke wedus ireng
Kayu kayune sepur
Ilang sepure kari balase
Ayu ayune pupur
Ilang pupure kari kadhase
Manul menco nek jerone sengker
Gedhang kates iku pakane
Arek bodho diulang pinter
Nik wis ethes larang regane
(*)