Kumpulan Pantun
Kumpulan Pantun Lucu untuk Menyindir Mantan dalam Bahasa Jawa, Siapa Tahu CLBK
Simak kumpulan pantun lucu untuk menyindir mantan dalam bahasa Jawa, cocok untuk kamu kirimkan ke mantan terindah, siapa tahu CLBK
Tak usahlah kelingan mantan
Melayu melayu karo ponakan
Mincing iwak nang kali serayu
Lagi mlaku weruh wong pacaran
Sing lanang elek sing wadon ayu
Kembang dahlia kembang krisan
Kegawa angin tiba nang ratan
Percuma esih nyimpen perasaan
Nek wis ora mungkin bisa dadian
Jangan nget-ngetan ora indah
Sing dirindukan malah wis pindah
Baca juga: Kumpulan Pantun Tebakan Lucu Lengkap dengan Jawaban, Auto Ketawa Ngakak
Semarang kaline banjir
Wis dadi mantan rasah dipikir
Weruh coro nang ngisor runtah
Senajan jomblo sing penting atine bungah
Dolan iku sesok rame sesok sepi
Yen sangguh yo lakoni, ra sanggup ditinggal ngopi
Kesel kerjo iso dadi lebur dosa
Nek niate badan Lillahi Ta’ala
Dinone kamis tanggale pitu
Arepo hubunganmu romantis, durung tentu wong tuwone setuju.
Nonton wayang karo dik salwa
Jarene sayang tapi kok mung liwat WA
Nang Magelang, ono Boroudur
Nek ra disayang, yowes mundur
Tuku dawet nang pinggir dalan.
Pikirane mumet mantane wes nyebar undangan
Nek ngiwo yo ngiwo rasah nengen
Sing lungo yo lungo rasah kangen
Kembang yo kembang, nek keno angin yo kabur
Berjuang yo berjuang, nek ora dihargai yo mundur
Sego bancakan dimaem Mas Rian
Tak kiro aku dadi tujuan, jebul mung nggo pelarian
Esuk-esuk cuacane cerah
Golek kerja sing barokah
Kancane wis pada nikah
Lhaa aku nglamar ae susah.
Manuk glathik nuthuli padi
Mabur limo teko ping pitu
Luweh becik netepi janji
Luwih alo janji sing palsu
Nek wes duwe sukurono
Nenk durung teko entenono
Nek wes lungo yo lalekno
Nek ilang cepet ikhlasno
Isuk-isuk makan sate klopo
Mangane dicampur sego
Digae opo akeh konco
Nek wayae soro, enggak ono sing moro
Melaku melaku pas wayah bengi
Dalane wis podo sepi
Konco susah itu angel digolei
Nek konco senang endak digolei, podo marani
Pacar yo pacar, konco yo konco
Tapi wis dwaei pacar
Ojo lali karo konco,
soale biasane wis ndwaei pacar lupa karo konco
Sore-sore podo renang,
Renange nang pinggir kali,
Nek awakmu ndwei utang,
Bayar, ojo open-open lali.
Kembang mati warnanya putih,
Nek abang, iku worno ne getih,
Senenge tah wong konco sugih,
Bolak-balik utang, enggak tau ditagih.
Isuk-isuk mangan kare,
Karene dicampuri tempe,
Susahe tah ndwae konco kere,
Nek ndwae utang, bayare sue.
Isu-isuk koe wis sarapan,
Sarapane nang pinggir jalan,
Susahe ndwae konco preman,
Dicek nangdi-nangdi, enggak tau gitu kono mangan.
(*)