Kumpulan Pantun
Kumpulan Pantun Nasihat Bahasa Jawa untuk Meriahkan Hari Wayang Nasional, yuk Jadikan Status Medsos
Simak kumpulan pantun nasihat dalam bahasa Jawa. Bisa dijadikan ucapan memperingati Hari Wayang Nasional 7 November 2022
Soko Solo menyang Palur
Mlaku ning dalan marai ireng
Karo konco dadio sedulur
Seneng susah ditanggung bareng
Rupa raimu kok lagi bureg
Mau ketemu konco jenenge Mizi
Yen mangan ojo waton wareg
Mangan panganan sing akeh gizi
Sumari ngentut kakean ndok puyuh
Ndelok konco, kog podo ngempet mambu
Mari nyaprut ganti ngguyah ngguyuh
Moleh kerjo nggowo duwet atusan ewu
Iwak pindang enak'e di sambel
Ditambai nanas karo rambutan
Muleh kerjo awak kroso pegel
Bojo njalok tak tinggal krukupan
Cak Paijo dodolan serabi
Gulone gulo jowo dicampur roti
Durung kerjo wis wani rabi
Golek wae morotuo sendenan jati
Masak lodeh kuwi digodok
Nganggo sandal mergo omahe jemek
Kadung kabeh wes di gembok
Arep budal kerjo sabune jek podo nemplek
Wesi wojo ditutuk palu
Ngenek'i tangan jempol driji
Mulih kerjo ndase ngelu
Mergo juragan gak gelem ngeboni
Wadah rantang isine sego
Gudur gudur tahu dikelo
Ojok bimbang nang omonge tonggo
Aku jujur nek durung kerjo
Joyoboyo nang Kalianget
Lewat Waru pas embong kembar
Kerjo ngoyo bayaran pancet
Timbang turu sopo seng mbayar
Masak kare gawe wong kerjo
Iwak bandeng dibumbu santen
Isuk sore gak kelebon sego
Rasane weteng nganti kaliren
Sinau nulis karo maca
Lagi nggambar macan tutul
Aja seneng padhu karo kanca
Yen iso akur kui betul
Panen pari nganggo ani-ani
Dadi tani nyambi kuli
Bocah nakal mesthi didukani
Mirengake aja diwangsuli
Kewan lutung ketemu boyo
Si lutung ngasi uwis kanji
Poro sedulurku kito sedoyo
Ayo padha sregep ngaji
Dadi wong ojo mung gumun
Nyambut gawe ben iso koyo ngono
Ijek urip ojo mung ngelamun
Limang wektu ndang lakonono
Tepung garut jenenge pati
Pati dimasak suk pas poso
Urip iki kudu ngati-ati
Ojo nambah-nambahi doso