Kumpulan Pantun

Kumpulan Pantun Cinta Lucu Bahasa Jawa yang Dijamin Kocak, Menghibur Sekaligus Bikin Baper

Kumpulan pantun cinta bahasa Jawa yang cocok dibagikan ke sosial media. Berisi kata-kata romatis yang kocak dan bikin baper

Editor: Hajrah
Capture YouTube TV3 Malaysia Official
Ilustrasi - Simak kumpulan pantun cinta lucu bahasa Jawa 

Golek paku nang omah e Santi
Kanggo nyambung kayu rapet
Kowe ojo sampe nganti lali
Mergo awakku tresno banget

Main sepedaan kecocok paku
Ban e bocor malah diguyu
Senajan kowe ninggalke aku
Tetep tak sayang sak kuate atiku

Kitab kuning kitabe santri
tangi telat ora sarapan
Ayo sing sregep ngaji
tak usah kelingan mantan

Jumat kliwon udane gerimis
Enake ngopi karo mendoan
Tak sawang sawang koe tambah manis
Sayange koe ra ngajak balikan

Wet kates jumlahe papat
Tuku jamu katutan paku
Wesss rausah sambat
Jodohmu iku sebenere aku

Suwe ora mangan ketan,
Ketane digoreng sangan
Suwe ora ketemu mantan,
Ketemu pisan aweh undangan

Esuk-esuk cuacane cerah,
Golet kerja sing barokah
Kancane wis pada nikah,
Lhaa aku nglamar ae susah

Dino jumat dino Minggu
Lungo wedangan srawung kekancan
Rindune kumat pengen ketemu
Neng kok kelingan wes dadi mantan

Dolan Semarang
Pa tanggal limolas
Wis kadung sayang
Blas ora digagas

Tuku gendis nek pasar minggu
Ojo lali tuku madu
Hai manis apa kabarmu
Aku rindu dengan senyummu

Paijo ngasah belati
Belati gawe mbeteti gurami
Masio koe ngayelke ati
Tapi aku cinta setengah mati

Sore-sore pengen tumbas buah duku
Sing tak tuku malah putu ayu
Rasane loro atiku
Nek ngerti manten jebul luwih ayu

Pamit lungo menyang Seturan
Jebule dolan nang Palagan
Senajan ati lagi kelaran
Tangi saur kudu tetep jalan

Esuk melayu karo ponakan
mancing iwak dapete kerapu
Lagi mlaku weruh seng pacaran
Sing lanang elek, sing wadone ayu

Lagi mlaku kecocok paku
Kanca ora nulungi malah ngguyu
Senajan kowe wis ninggalke aku
tetep tak tunggu sekuat-kuat atiku

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved