Kumpulan Pantun

30 Pantun Lebaran dalam Bahasa Jawa, Bisa Dipakai di Acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024

Menjelang lebaran Idul Fitri 2024 kamu tentunya perlu mempersiapkan ucapan, agar tidak terkesan biasa saja, kumpulan pantun berikut bisa jadi solusi.

Freepik.com
Ilustrasi - Simak kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam bahasa Jawa, bisa dijadikan kata-kata sambutan dalam acara silaturahmi Halal Bihalal, yuk bagikan! 

7. Langit sore rupane wungu
Kembang kambil dipangan baya
Sekabehane luputku lan luputmu
Muga-muga kabeh pikantuk pangapura

8. Banyu kali rupane soklat
Ana wong sing kelangan kumbahan
Aja lali sesuk mbayar zakat
Sadurunge teka wayahe lebaran

9. Es kolak dipangan baya
Bayane ngelak sawise pasa sedina
Senajan wis dadi wong tuwa
Aja isin njaluk sepura

10. Sega goreng dipangan wayah wengi
Mangane lawuh iwak lima
Ing dina suci riyaya fitri
Aku teka kanggo njaluk pangapura

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

11. Roti coklat regane sewidak ewu
Rasane enak ora ketulungan
Sepira-pira gedhene luputku
Daksuwun sing gedhe pangapuramu

12. Kembang kemuning ditandur ing latar
Gandane wangi ing wayah wengi
Sapa wae aja kelangan nalar
Nganti lali werdhine dina riyaya fitri

13. Numpak bentor menyang Surabaya
Mbayare mung seket ewu
Sowanku menyang omahmu ing dina riyaya
Mung kanggo njaluk pangapuramu

14. Kembang mlathi didol eceran
Sing tuku putune Mbah Tukini
Ing dina kang kebak jajan
Aku tulung disepura ya, Dhi

15. Pitik walik turut kebon jenenge nanas
Didol ing pasar larang regane
Dadi wong aja gampang panas
Mundhak ilang pahalane

Baca juga: 25 Pantun untuk Para Pekerja dalam Bahasa Jawa, Relate dengan Kisah dan Pencari Nafkah

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

16. Mangan roti dikancani bocah ayu
Yen ngguyu untune ilang telu
Sepira gedhene luputku
Sing daksuwun mung pangapuramu

17. Akeh jajan ing dhuwur meja
Sing duwe omah lali ora manggakake
Kanggo kanca-kanca sing pengin njaluk sepura
Kaluputanmu wis daksepura wiwit wingi sore

18. Tuku klambi biru dienggo riyaya
Tukune ing pasar kranggan
Sapa wae sing pengin njaluk sepura
Enggala mrene kanggo nindakake lebaran

19. Wingi sore bapak mundhut klambi koko
Sesuk esuk bakal digawe sembahyang ing lapangan
Wis gedhe aja dadi wong bodho
Lebaran aja mung golek jajan

Halaman
123
Sumber: Tribun Kaltara
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved