Kumpulan Pantun

30 Pantun Lebaran dalam Bahasa Jawa, Bisa Dipakai di Acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024

Menjelang lebaran Idul Fitri 2024 kamu tentunya perlu mempersiapkan ucapan, agar tidak terkesan biasa saja, kumpulan pantun berikut bisa jadi solusi.

Freepik.com
Ilustrasi - Simak kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam bahasa Jawa, bisa dijadikan kata-kata sambutan dalam acara silaturahmi Halal Bihalal, yuk bagikan! 

TRIBUNKALTARA.COM - Berikut kumpulan pantun tentang lebaran dalam Bahasa Jawa, bisa dipakai untuk acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024.

Menjelang lebaran Idul Fitri 2024 kamu tentunya perlu mempersiapkan ucapan, agar tidak terkesan biasa saja, kumpulan pantun berikut bisa jadi solusi.

Deretan pantun lebaran dalam Bahasa Jawa ini akan terkesan lebih unik dan menarik karena memakai bahasa daerah.

Bagi kamu yang pulang kampung, pantun lebaran Bahasa Jawa ini bisa disampaikan ke orang tua atau sanak saudara di kampung.

Kamu bisa menyampaikan kumpulan pantun ini secara langsung terutama di acara Halal Bihalal.

Tidak cuma itu, deretan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa ini juga bisa dibagikan ke media sosial.

Ilustrasi - Simak kumpulan pantun ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 2024 dalam bahasa Jawa, bisa dibagikan ke grup keluarga atau media sosial
Ilustrasi - Simak kumpulan pantun ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 2024 dalam bahasa Jawa, bisa dibagikan ke grup keluarga atau media sosial (Freepik.com)

Baca juga: 35 Pantun Nasihat Bahasa Jawa Terbaik Sepanjang Masa, Berisi Petuah Bijak dan Sarat Makna

Kamu bisa meramaikan akun medos denga mengunggah status pantun lebaran dalam Bahas Jawa.

Yuk simak selengkapnya deretan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa berikut ini:

1. Mangan bayem dikancani bakmi
Aja lali sambel lan mangan gorengan
Ing dina kang fitri iki
Aku teka kanggo ngentekake jajan

2. Kripik bayem didol ing swalayan
Bakule ayu ora ketulungan
Saiki ayo padha salam-salaman
Mumpung wayahe ngrayakake lebaran

3. Ngombe kopi dikancani gorengan
Luwih enak maneh yen ngapit surya
Mumpung dinane lagi lebaran
Becike enggal padha njaluk sepura

4. Tekan Jakarta mung pengin tuku roti
Tukune ing cedhake tugu monas
Ing dina riyaya kang fitri iki
Aku pengin lebaran dikancani sampeyan, Mas

5. Tuku klambi tekan Jakarta
Klambine aja lali digawe dolan lebaran
Senajan wis dadi wong sugih ing kutha
Aja lali lebaran tilik kampung halaman

Baca juga: 25+ Pantun Dagelan Bahasa Jawa, Cocok Buat Update Status, Bikin Pembaca Senyum-senyum Sendiri

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

6. Dolan menyang Jombang numpak cikar
Sapine kesel merga durung sarapan
Lebaran aja mung ngutamakake klambi anyar
Luwih baku njaga rakete seduluran

7. Langit sore rupane wungu
Kembang kambil dipangan baya
Sekabehane luputku lan luputmu
Muga-muga kabeh pikantuk pangapura

8. Banyu kali rupane soklat
Ana wong sing kelangan kumbahan
Aja lali sesuk mbayar zakat
Sadurunge teka wayahe lebaran

9. Es kolak dipangan baya
Bayane ngelak sawise pasa sedina
Senajan wis dadi wong tuwa
Aja isin njaluk sepura

10. Sega goreng dipangan wayah wengi
Mangane lawuh iwak lima
Ing dina suci riyaya fitri
Aku teka kanggo njaluk pangapura

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

11. Roti coklat regane sewidak ewu
Rasane enak ora ketulungan
Sepira-pira gedhene luputku
Daksuwun sing gedhe pangapuramu

12. Kembang kemuning ditandur ing latar
Gandane wangi ing wayah wengi
Sapa wae aja kelangan nalar
Nganti lali werdhine dina riyaya fitri

13. Numpak bentor menyang Surabaya
Mbayare mung seket ewu
Sowanku menyang omahmu ing dina riyaya
Mung kanggo njaluk pangapuramu

14. Kembang mlathi didol eceran
Sing tuku putune Mbah Tukini
Ing dina kang kebak jajan
Aku tulung disepura ya, Dhi

15. Pitik walik turut kebon jenenge nanas
Didol ing pasar larang regane
Dadi wong aja gampang panas
Mundhak ilang pahalane

Baca juga: 25 Pantun untuk Para Pekerja dalam Bahasa Jawa, Relate dengan Kisah dan Pencari Nafkah

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

16. Mangan roti dikancani bocah ayu
Yen ngguyu untune ilang telu
Sepira gedhene luputku
Sing daksuwun mung pangapuramu

17. Akeh jajan ing dhuwur meja
Sing duwe omah lali ora manggakake
Kanggo kanca-kanca sing pengin njaluk sepura
Kaluputanmu wis daksepura wiwit wingi sore

18. Tuku klambi biru dienggo riyaya
Tukune ing pasar kranggan
Sapa wae sing pengin njaluk sepura
Enggala mrene kanggo nindakake lebaran

19. Wingi sore bapak mundhut klambi koko
Sesuk esuk bakal digawe sembahyang ing lapangan
Wis gedhe aja dadi wong bodho
Lebaran aja mung golek jajan

20. Mangan burger didum wong lima
Supaya wareg aja lali ditambahi sega
Wong muslim sadonya padha bagya
Mapag tekane dina riyaya

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

21. Banyu kopi ireng rupane
Senajan ngono enak banget rasane
Lebaran aja mung melu-melu kancane
Supaya ora kelangan pahalane

22. Awan-awan paling enak ngombe es degan
Luwih enak dikancani mangan gorengan lima
Senajan durung teka wayahe lebaran
Aku teka mrene kanggo njaluk pangapura

23. Wit jambu ketiban klapa
Jambune entek dipangan baya
Sapa wae sing nindakake pasa
Sesuk bakale duwe dina riyaya

24. Tuku gorengan menyang Kenjeran
Dipangane ing pinggir segara
Ing dina lebaran
Aja lali jaluk sepura marang wong tuwa

25. Klambi bathik lengenane dawa
Bathikane wong duwe gorengan
Sasi pasa wis tekan paripurna
Tegese sesuk wis wancine lebaran

Baca juga: Kumpulan Pantun Cinta Lucu Bahasa Jawa yang Dijamin Kocak, Menghibur Sekaligus Bikin Baper

Kumpulan pantun lebaran Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa

26. Menyang malang pengin tuku batik
Tukune sing rupane ungu
Yen sesuk sida lebaran, dhik
Apa entuk aku dolan menyang omahmu?

27. Kembang mawar ditandur ing plataran
Aja lali diunoni supaya ora mati
Senajan dosaku gedhene sagunung anakan
Aku tansah nyuwun pangaksama ing dina kang fitri

28. Mbokdhe Sumini kulakan kopi
Kopine pait nggarai ora bisa turu
Ing dina suci riyaya idul fitri
Aku teka njaluk sepura saka sekabehane luputku

29. Ana bajing tiba saka wit klapa
Tibane merga sikile kena eri
Kula nyuwun agunge pangaksama
Ing dinten inkang fitri

30. Suminten wis ora edan saiki
Dheweke saiki wis dadi wong kantoran
Ing dina riyaya kang fitri
Aku kepengin ngucapake selamat lebaran.

(*)

Berita tentang Kumpulan Pantun

Jangan Lupa Like Fanpage Facebook TribunKaltara.com

Follow Twitter Tribun Kaltara Redaksi

Follow Instagram tribun_kaltara

TikTok tribunkaltara.com

YouTube Shorts TribunKaltara.com

Subscribes YouTube Tribun Kaltara Official

Sumber: Tribun Kaltara
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved