Kumpulan Pantun
29 Pantun Cinta Lucu dalam Bahasa Jawa, Dijamin Kocak dan Bisa Bikin Doi Ketawa, Bagikan di Sosmed
Baca kumpulan pantun cinta lucu dalam Bahasa Jawa yang kocak dan menghibur, dijamin bikin doi ketawa dan auto jatuh cinta, bagikan di sosial media!
Penulis: Maharani Devitasari | Editor: Sumarsono
Kumpulan pantun cinta lucu Bahasa Jawa
21. Sego liwet lawuhe jlantah,
Sego rawon kurang uyah.
Ampun tanglet kapan nikah,
Pacar mawon kulo dereng gadah.
22. Esuk-esuk cuacane cerah,
Golet kerja sing barokah.
Kancane wis pada nikah,
Lha aku nglamar wae susah.
23. Methik kamboja wadahi tumbu,
Wernane putih kaya melati.
Aku wis bosen krungu janjimu,
Kabeh mung palsu ra ana bukti.
Baca juga: 35 Pantun Melayu Jenaka, Bisa Menambah Wawasan Kosakata Bahasa Melayu, Yuk Bagikan di Sosmed
24. Banyu sing seger wadahe kendi,
Disimpen rapet ngisor wit randu.
Cita-citaku mung ana siji,
Urip barengan karo sliramu.
25. Ana pengamen dolanan gitar,
Karo nyanyekke lagu sing merdu.
Yen krasa getun karo sing anyar,
Aku sih gelem nampa sliramu.
Kumpulan pantun cinta lucu Bahasa Jawa
26. Pamit lungo menyang Seturan,
Jebule dolan nang Palagan.
Senajan ati lagi kelaran,
Tangi saur kudu tetep jalan.
27. Suwe ora mangan ketan,
Ketane digoreng nganggo sangan.
Suwe ora ketemu mantan,
Ketemu pisan malah aweh undangan.
28. Golek banyu nang pinggir kali,
Dinggo raup rasane anget.
Kowe ojo nganti lali,
Mergo aku sayang banget.
29. Kembang mawar kembang krisan,
Kegawa angin tiba ning ndalan.
Percuma iseh nyimpen perasaan,
Nek wis ora mungkin dadian.
(*)
Baca berita menarik Tribun Kaltara di Google News
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.