Kumpulan Pantun

30 Pantun Nasihat Bahasa Jawa Terbaik, Pedoman Hidup yang Bijak dan Penuh Makna untuk Anak Cucu

Baca kumpulan pantun nasihat dalam Bahasa Jawa terbaik berikut, berisi pedoman untuk menjalani kehidupan yang bijak dan sarat makna bagi anak cucu.

Penulis: Maharani Devitasari | Editor: Sumarsono
Freepik
Kumpulan pantun nasihat dalam Bahasa Jawa yang cocok dibagikan kepada generasi muda sebagai bahan edukasi, unggah di sosmed! 

16. Mangan iwak diolah babat
Nembang lagu judule pangkur
Kowe aja kakehan sambat
Akehi ibadah lan syukur.

17. Makani pithik, pithik walik
Anak bebek diarani piyik
Diajar becik saka cilik
Mbesuk gede dadi wong apik.

18. Wit gedhang with mahoni
Wit-witan subur cedhak wit pakel
Ojo mung ngomong ning dilakoni
Ngomong gampang ngelakoni angel.

19. Ketemu konco sing lagi nagih
Manuk dara manuk bangau
Wong berhasil mesti sugih
Amargo mbiyen sregep sinau.

20. Dino minggu wayahe lungga
Lunggo menyang candi ratuboko
Sopan santun karo tangga
Supaya ora dadi anak durhako.

Baca juga: 37 Pantun Galau dalam Bahasa Jawa, Cocok Dikirimkan ke Teman yang Patah Hati karena Diputusin Pacar

Kumpulan pantun nasihat dalam Bahasa Jawa

21. Dandhang gulo tembang sinom
Nembang ngasi wayah magrib
Mumpung iseh wong enom
Kerjo becik nggo sangu urip.

22. Kembang mawar kembang kantil
Kembang dilarung tengah segoro
Dadi uwong kok seneng ngutil
Uring ing dunyo bakal sengsoro.

23. Mangan sate ning warung “Lumayan”
Mangan karo adhik Zahran
Bapak ibu urip ing bebrayan
Kudu turut karo aturan.

24. Santen iku kelopo parut
Marut kelopo ora nganggo geni
Dadi anak kudu sing nurut
Karo wong tuwo aja ngwaneni.

25. Tepung garut jenenge pati
Pati dimasak suk pas poso
Urip iki kudu ngati-ati
Ojo nambah-nambahi doso.

Kumpulan pantun nasihat dalam Bahasa Jawa

26. Kewan lutung ketemu boyo
Si lutung ngasi uwis kanji
Poro sedulurku kito sedoyo
Ayo padha sregep ngaji.

27. Sinau nulis karo maca
Lagi nggambar macan tutul
Aja seneng padhu karo kanca
Yen iso akur kui betul.

28. Ketemu konco ndek esuk mau
Koncoku kui sifate gigih
Bocah sekolah kudu sregep sinau
Endah pinter lan dadi wong sugih.

29. Potong rambut jenenge cukur
Model anyar kaya jambul singa
Ayo sedulur pada sing akur
Gotong royong ngewangi tangga.

30. Masak kolak isi waluh
Waluh saka alas tuwo
Dadi bocah ojo lumuh
Ayo konco ngewani wong tuwo.

(*)

Baca berita terkini Tribun Kaltara di Google News

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved