8. Banyu sing seger wadahe kendi
Disimpen rapet ngisor wit randu
Cita-citaku mung ana siji
Urip barengan karo sliramu.
9. Wet kates jumlah e papat
Tuku jamu katutan paku
Wes rausah sambat
Jodohmu iku sebenere aku.
10. Lagi bal-balan kecocok paku
Ora nulungi malah padha ngguyu
Senajan kowe wis ninggal aku
Tetep tek tunggu sekuat-kuate atiku.
Baca juga: 27 Contoh Pantun Cinta untuk Pacar yang Romantis, Dijamin Bikin Ayang Salting Brutal
Kumpulan pantun cinta lucu Bahasa Jawa
11. Dino minggu menyang Magelang
Mulihe lewat Solo
Sakjane wes kebacut sayang
Tapi ora wani kondo.
12. Malem jumat tuku jamu
Mulihe lewat Suramadu
Senenge nyanding sliramu
Atiku rasane syahdu.
13. Tuku cakwe tekan Jerman
Karo pacare dolan ning karoke
Ojo gawe cah wedok nyaman
Yen akhire mbok tinggalke.
14. Manuk lebet wernane abang
Saben isuk mesti dikeki pakan
Jarene kowe sayang?
Kok malah ditinggalkan?
15. Tonggo sebelah dodol jamu
Minggu wingi munggah kaji
Yen aku tresno awakmu
Opo kudu seloro iki?
Baca juga: Kumpulan Pantun Cinta Pejuang LDR yang Bikin Baper, Jadi Ucapan Rindu untuk Doi, Romantis Banget
Kumpulan pantun cinta lucu Bahasa Jawa
16. Yuk paiti tuku blewah
Ngombene serabi lungguh mbegagah
Diragati ngentekno sawah
Kok malah dirabi tonggo sebelah.
17. Sore-sore masak rempelo ati
Mak bedhundhug ono wong edan
Piye wis tak tresnani setengah mati
Malah jebul kowe main wedokan.
18. Ngedusi wedhus nganggo banyu
Neng cedak kalen ngisor wit lumbu
Ra ngurus opo jawabmu
Pokokmen I love you kanggo awakmu.
19. Ning sumur golek banyu
Banyune ono ning Magetan
Golek bojo ora kudu ayu
Sing penting atine nyaman.
20. Malem jumat tuku jamu
Mulihe lewat Suramadu
Senenge nyanding sliramu
Atiku rasane syahdu.
Baca juga: Kumpulan Pantun Cinta Romantis Buat Dambaan Hati, Cara Ampuh Gombalin Pasangan Biar Makin Sayang