Kumpulan Pantun
39 Pantun Nasihat Bahasa Jawa, Petuah Inspiratif untuk Anak Muda, Yuk Bagikan
Baca kumpulan pantun nasihat Bahasa Jawa berikut, penuh petuah inspiratif untuk generasi muda agar bijak dan tidak salah menjalani hidup.
Penulis: Maharani Devitasari | Editor: Cornel Dimas Satrio
9. Tepung garut jenenge pati
Pati dimasak suk pas poso
Urip iki kudu ngati-ati
Ojo nambah-nambahi doso.
10. Wit gedhang with mahoni
Wit-witan subur cedhak wit pakel
Ojo mung ngomong ning dilakoni
Ngomong gampang ngelakoni angel.
Kumpulan pantun nasihat Bahasa Jawa
11. Kembang mawar kembang kantil
Kembang dilarung tengah segoro
Dadi uwong kok seneng ngutil
Uring ing dunyo bakal sengsoro.
12. Panen pari nganggo ani-ani
Dadi tani nyambi kuli
Bocah nakal mesthi didukani
Mirengake aja diwangsuli.
13. Goreng tempe nyumet geni
Tempe kanggo suguh manten
Wong tuwo kudu diajeni
Dadi bocah sing pangerten.
14. Dadi wong ojo mung gumun
Nyambut gawe ben iso koyo ngono
Ijek urip ojo mung ngelamun
Limang wektu ndang lakonono.
15. Makani pithik, pithik walik
Anak bebek diarani piyik
Diajar becik saka cilik
Mbesuk gede dadi wong apik.
Kumpulan pantun nasihat Bahasa Jawa
16. Dino minggu wayahe lunga
Lunggo menyang candi ratuboko
Sopan santun karo tangga
Supaya ora dadi anak durhako.
17. Kewan lutung ketemu boyo
Si lutung ngasi uwis kanji
Poro sedulurku kito sedoyo
Ayo padha sregep ngaji.
18. Sasi iki wayahe wong poso
Poso iku wajib udu budaya
Urip ing dunyo kudu rekoso
Ben iso nguripi keluargo sedaya.
19. Wadah rantang isine sego
Gudur gudur tahu dikelo
Ojok bimbang nang omonge tonggo
Aku jujur nek durung kerjo.
20. Kolak seger campur kolang kaling
Tambah seger dicampur sirup
Nek berhasil lan sugih kudu eling
Eling karo sing gawe urip.
Kumpulan pantun nasihat Bahasa Jawa
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/kaltara/foto/bank/originals/Pantun-bahasa-Jambi.jpg)
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.